Tuesday, December 13, 2011

PITUTUR KUMPULAN 5: SIFAT SOMBONG

Sifat sombong juga amat didukung oleh BICARA. Sulitlah kita menjadi sombong tanpa ngomong. Oleh sebab itu peribahasa Indonesia yang mengatakan “Mulutmu harimau kamu” dan “Berbicara peliharalah lidah” tetap berlaku untuk orang-orang sombong. Dalam peribahasa Jawa kita juga mengenal “Tekek mati saka ulone” yang artinya orang akan celaka karena ucapannya. “Tekek” (tokek) yang bangga dengan suara besarnya, menjadi mudah dikenali keberadaannya oleh predatornya. Hati-hatilah orang yang punya sifat kumenthus, kumaki apa lagi yang adigang adigung adiguna.
 
Sikap “andhap asor” (merendah) sering dikatakan menurunkan derajat, atau men”discount” diri. Tetapi kalau kita menghilangkan perilaku andhap asor susila anor raga, jelas tidak baik. Marilah kita renungkan sebaiknya bagaimana.
 
Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), kemudian saya kelompokkan sesuai permasalahannya. Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah naskah bahasa Jawanya. Silakan membaca, semoga ada manfaat yang dapat dipetik.
 
 
1. TANDA-TANDA ORANG SOMBONG
 
Ciri-cirine jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara, lan tingkah lakune kang ora gelem kalah. Sabarang tindak tanduke kepengin unggul lan mamerake keluwihane, ora angger keluwihan bisa kanggo ngadhepi bebaya lan ngentas saka papa cintraka. Kaluwihan kang tanpa dilandhesi kautaman kaya dene wedhak pupur bae sing nempel ing njaban kulit bae, ora bisa tahan suwe lan gampang luntur marga saka pakartine dhewe, awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian (BBB)
 
TERJEMAHAN: Tanda-tanda jiwa yang masih kosong dapat dilihat dari ekspresi wajah, cara berbicara dan tingkah laku yang tidak mau kalah. Perilakunya selalu ingin menang dan pamer kelebihan. Padahal tidak semua kelebihan bisa digunakan untuk menghadapi bahaya dan melepaskan diri dari kesusahan. Kelebihan tanpa landasan keutamaan ibarat bedak yang menempel di kulit luar. Tidak akan tahan lama dan mudah luntur karena perbuatan kita sendiri, karena melanggar dasar-dasar kebenaran dan kesucian.
 
 
2. MUNCULNYA NAFSU PAMER
 
a. Dereng nedya pamer utawa riya iku terkadhang muncule dadakan kaya-kaya tanpa rinasa ing nalika kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula prayoga kita tansah waspada ngendhaleni dhiri. Dene kang kinaran dereng utawa nafsu seneng pamer kang gampang dineleng lan sineksen dening wong liya iku aran riya kang pratela (cetha), utawa ngedheng. Becik kita singkiri. Wondene dereng sajroning laku panembah, arang kang bisa disumurupi wong liya. Luwih-luwih yen lagi kapinuju ana ing papan kang sepi. Sok ngonowa elinga yen Gusti Allah iku tansah ngudaneni.(BBB)
 
TERJEMAHAN: Nafsu pamer atau “riya” kadang-kadang muncul mendadak saat kita sedang bertemu dengan orang lain. Oleh sebab itu hendaknya kamu selalu waspada dan mampu mengendalikan diri. Apa yang disebut nafsu pamer yang mudah dilihat dan disaksikan orang banyak adalah “riya” yang nyata. Baiknya kita hindari. Disisi lain nafsu beribadah jarang dilihat orang lain, lebih-lebih bila kita sedang berada di tempat sepi. Jangan lupa, Tuhan tetap menyaksikan.
 
b. Wong kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesti bakal kasurung atine arep mamerake kaluwihane, lire amrih dimangerteni dening wong akeh yen dheweke mono wong kang pinunjul lan supaya diajenana. Sumurupa, sakabehing kaluwihan mau yen ora dicakake mawa lelabuhan kang murakabi marang bebrayan, tanpa guna kepara malah ora kajen lan gawe pituna. Mula kang prayoga bisa tulus dadi wong kang linuwih menawa gebyaring kaluwihan iku mung dikatonake marang atine dhewe, iku wis cukup. (BBB)
 
TERJEMAHAN: Orang yang merasa dirinya memiliki kelebihan, pada suatu saat akan terdorong untuk pamer. Supaya orang lain tahu bahwa dirinya adalah orang hebat yang harus dihormati. Ketahuilah bahwa semua kelebihan tersebut tidak ada gunanya, merugikan dan membuat dirinya semakin tidak terhormat apabila tidak digunakan untuk kegiatan yang bermanfaat bagi masyarakat. Orang punya kelebihan yang tulus apabila semua gebyar kelebihan hanya ditunjukkan untuk dirinya sendiri. Itu sudah cukup
 
 
3. ORANG SOMBONG TIDAK MAU DISAINGI
 
Ing jagading sesrawungan mono becik nyirik marang sesipatan kang gumedhe lan wewatakan kang tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane banjur nuwuhake rasa ora lila yen nyipati ana liyan sing luwih katimbang dheweke. Mula saiba becike samangsa sapa kang rumangsa pinter dhewe, sugih dhewe, lan kuwasa dhewe iku gelema nglaras dhiri lan ngleremake ciptane kang wening, yen sejatine isih ana maneh Kang Maha Pinter, Maha Sugih lan Maha Luhur. Klawan mangkono rasa pangrasa dumeh lan takabur kang dadi sandhungan pasrawungan bisa sumingkir (BBB)
 
TERJEMAHAN: Dalam pergaulan hendaknya menjauhi sifat merasa hebat dang mengagung-agungkan diri sendiri. Watak dan sifat tersebut akan menimbulkan rasa iri bila kita melihat ada orang lain yang ternyata melebihi kita. Alangkah lebih baik seandainya orang yang merasa paling pandai, paling kaya dan paling kuasa tersebut menyelaraskan diri dan menenangkan pikirannya, dan menyadari bahwa sejatinya masih ada Yang Maha Pandai, Maha Kaya dan Maha Luhur. Dengan demikian perasaan hebat dan takabur yang merupakan batu sandungan pergaulan dapat tersingkir
 
 
4.  JANGAN SOMBONG, TELADANI PADI
 
Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngenggon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi. (BBB)
 
TERJEMAHAN: Jangan mengandalkan semua kelebihanmu apalagi pamer kekayaan dan kepandaian. Bila kesombonganmu hanya pada mulut dan tanpa bukti menjadikan dirimu tidak berharga. Lebih baik teladani perlambang dari tanaman padi. Padi yang berisi pasti menunduk sedangkan yang tengadah adalah yang kosong.
 
 
5. JANGAN MENYEPELEKAN ORANG DAN MERASA PALING PANDAI
 
a. Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene (BBB)
 
TERJEMAHAN: Engkau jangan menyombongkan diri mengatakan lebih pandai dari yang lain
 
b. Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake wong akeh seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka mau, sira banjur kaya wong seje (owah), malah bisa “aji godhong jati aking” (BBB)
 
TERJEMAHAN: Kalau kamu memiliki ilmu yang bisa membuat orang lain bahagia, janganlah merasa pandai, karena apabila Allah mengambil kembali ilmu yang membuat kamu tenar itu, kamu bisa seperti orang gila dan lebih hina daripada daun jati kering.
 
c. Jalma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe (BBB)
 
TERJEMAHAN: Manusia itu tidak bisa diduga, oleh sebab itu jangan suka mengatakan bahwa kita yang paling pandai.
 
d. Aja kaselak kesusu nyepelekake liyan, marga kok anggep wong mau bodho. Awit ana kalamangsane kowe mbutuhake rembug lan pituture wong iku, sing kasanyatane bisa mbengkas lan nguwalake saka karuwetanmu. Pancen ing sawijine bab wong bisa kaaran bodho, nanging ing babagan liya tangeh lamun yen kowe bisa nandhingi (BBB)
 
TERJEMAHAN: Jangan tergesa-gesa menyepelekan orang lain hanya karena kau anggap orang itu bodoh. Ada saatnya kau butuh nasihat orang itu yang ternyata bisa melepaskanmu dari kesulitan. Sebenarnya ada hal yang menyebabkan seseorang dikatakan bodoh tetapi di hal yang lain ternyata kamu tidak mampu menanding
 
e. Aja sok dhêmên ngrèmèhake wong, mundhak gênti dirèmèhake, orane iya dicatur ala (MB)
 
TERJEMAHAN: Jangan suka meremehkan orang, supaya tidak ganti diremehkan atau jadi pembicaraan buruk
 
 
6. JANGAN MERASA BENAR SENDIRI
 
Aja rumangsa bener dhewe jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe (BBB)
 
TERJEMAHAN: Jangan merasa benar sendiri karena hal seperti itu tidak ada di dunia
 
 
7. ORANG SOMBONG AKAN DIPERMALUKAN
 
a. Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane (BBB)
 
TERJEMAHAN: Orang yang selalu mengagung-agungkan pangkatnya akan dipermalukan ketika ada perubahan jaman. Orang yang selalu mengagung-agungkan hartanya akan dipermalukan tatkala hartanya musnah.
 
b.. Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan (BBB)
 
TERJEMAHAN: Keadaan di dunia ini tidak abadi. Oleh sebab itu jangan mengandalkan kekayaan dan pangkatmu supaya bila ada perubahan jaman kamu tidak dipermalukan
 
 
8. LEBIH BAIK MERENDAHKAN DIRI
 
1. Luwih becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine isih nguciwani banget. Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo nutupi kabodhoane, yen kabeh mau merga rasa samar lan was sumelang yen ta kungkulan dening sapepadhane. Tindak mengkono mau malah dadi sawijining godha kang mung bakal ngrendheti lakuning kemajuwane dhewe ing jagading bebrayan. (BBB)
 
TERJEMAHAN: Lebih baik merendahkan diri daripada menyombongkan kepandaian yang sebenarnya masih amat mengecewakan. Menyombongkan kepandaian sebenarnya hanya untuk menutupi kebodohan dan ketakutan kalau dilebihi oleh orang lain. Tindakan tersebut merupakan godaan yang hanya akan menghambat keberadaannya dalam pergaulan.
 
2. Wong ambêk gumêdhe malah disorake, kosokbaline wong andhap asor: malah diluhurake, pêrlune apa dhêmên gumêdhe. zie W. B. gêdhe. (MB)
 
TERJEMAHAN: Orang yang tinggi hati akan direndahkan, sebaliknya orang yang rendah hati akan diluhurkan. Jadi apa manfaatnya menjadi orang yang sombong
 
 
9. BEDAKAN ANTARA RUMANGSA SARWA DUWE dan SARWA DUWE RUMANGSA
 
“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan (BBB)
 
TERJEMAHAN: “Merasa serba punya” dan “Serba punya rasa” hanya tulisan yang dibolak-balik saja, tetapi maknanya seperti bumi dan langit. Yang pertama menunjukkan watak suka pamer, bengis perilakunya dan kalau mengejar angan-angan tidak mempedulikan tindakan tidak benar. Semua perbuatan nista akan dilakukan dengan berani. Adapun yang kedua, perilakunya penuh belas kasih, bijaksana dalam semua hal dan merasa dosa bila membuat kerugian orang lain.
 
 
10. PERBUATAN BAIK BIARLAH ORANG LAIN YANG MENYAMPAIKAN
 
Wijining kautaman, saka kabêcikan, nanging kabêcikan kang kawêdharake barêng lan panggawene mung dadi pangalêman sanalika, dene kabêcikan kang wis lawas panggawene môngka dèn ucapake manèh marang kang gawe kabêcikan, iku malih dadi ala sarta dadi sêrike kang binêcikan, rumangsane ingolok-olok. Wusana kabêcikan kang sinimpên marang kang gawe, iku mêsthi bakal kêwêdhar saka panggawening liyan, gandane arum angèbêki jagad, têtêp ing kautamane. (MB)
 
TERJEMAHAN: Benih-benih keutamaan berasal dari kebaikan. Tetapi kebaikan yang diucapkan bersamaan dengan perbuatan hanya mendapat pujian sesaat. Demikian pula kebaikan yang diucapkan lama setelah perbuatan baiknya dilakukan, bisa menyakitkan hati yang diberi kebaikan karena merasa diungkap-ungkap. Adapun kebaikan yang disimpan di dalam hati oleh yang berbuat baik, pasti akan disampaikan ooleh orang lain, baunya harum semerbak memenuhi jagad, tetap didalam keutamaannya.
 
 
PENUTUP
 
Tidak ada yang suka dengan orang sombong, tetapi jumlah orang sombong bukannya sedikit. Mungkin karena tidak ada yang mengingatkan. Kepada sesama manusia adalah tugas kita untuk saling mengingatkan, tidak sekedar “sawang-sinawang”. Sedangkan kepada diri sendiri merupakan kewajiban kita untuk senantiasa mawas diri. Apabila kita mulai merasa “PALING” maka marilah kita mengingat kembali pesan leluhur “AJA DUMEH” (IwMM)
 
 

2 comments:

Swara Kahanan said...

Saya merasa bahagia , disaat keadaan zaman sudah berubah menjadi "jahiliyah"...masih ada orang seperti panjenengan yang kersa nguri uri budaya jawa....untuk mengingatkan dan penuh dengan pesan moral....

Adigendheng said...

Nuwun Pak awit sampun kersa nyerat pitutur jawi punika. Lir ipun sampun mbiantu kula sinau malih babagan gesang. Kula piyambak ngrumaosi... Tebih saking pututur ing nginggil.


Most Recent Post


POPULAR POST