Friday, December 2, 2011

PITUTUR KUMPULAN 1: BERBICARA

Ternyata urusan BICARA dan keturunannya yang terkait dengan olah mulut, misalnya MENCELA dan MEMUJI, mendominasi ranking teratas dalam pitutur Jawa. Benarlah kata peribahasa Indonesia yang mengatakan “Mulutmu harimau kamu” maupun “Berbicara peliharalah lidah, berjalan peliharalah kaki”. Dapat saya simpulkan bahwa masalah manusia ada pada mulutnya. Posting perilaku dan pitutur dalam  blog ini pun yang terbanyak juga urusan manusia menggunakan mulut ini. Oleh sebab itu dalam seri Kumpulan Pitutur ini, maka yang pertama saya posting adalah masalah BERBICARA. Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah naskah bahasa Jawanya.
 
Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), kemudian saya kelompokkan sesuai permasalahannya. Selamat membaca, kiranya bermanfaat.
 
 
1. HAKEKAT BICARA: MENGAPA KITA DIBERI SATU MULUT DAN DUA TELINGA
 
Kita diparingi cangkem siji lan kuping loro dening Kang Maha Kuwasa, lire mengku karep amrih kita kudu luwih akeh ngrungokake katimbang micara. Yektine wong kang dhemen ngumbar cangkeme tinimbang kupinge adate wicarane gabug. Suwalike sing akeh ngrungokake, wicarane setithik nanging patitis lan mentes. Pantes dadi jujugane sadhengah wong kang mbutuhake rembug kang prayoga.(BBB)
 
TERJEMAHAN: Tuhan memberi kita satu mulut dan dua telinga maknanya supaya kita ini lebih banyak mendengar daripada bicara. Senyatanya orang yang suka mengumbar mulut kebanyakan bicaranya kosong. Sebaliknya orang yang banyak mendengar, bicaranya sedikit tetapi tepat dan berisi. Orang ini pantas menjadi tujuan orang-orang yang membutuhkan nasihat yang benar.
 
 
2. YANG LEBIH BAIK: SEDIKIT BICARA DAN BANYAK MENDENGAR
 
Wong juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki pasamuwan, katut samirana mrana-mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ana ing ati wening. Wetune ora sarana lambe, nanging katampan ing pucuking pen, mili amber ing kertas putih, rinasakake ing wong sajagad.(BBB)
 
TERJEMAHAN: Orang yang banyak bicara ilmunya menempel di bibir, berceloteh memenuhi ruangan, terbawa angin kesana kemari. Berbeda dengan orang yang diam. Keluarnya ilmu tidak melalui bibir, tetapi diterima oleh ujung pena, mengalir di kertas putih dirasakan manfaatnya oleh orang diseluruh penjuru jagad.
 
 
3. TERLALU BANYAK BICARA: BISA TERPELESET
 
Sugih omong kanggo nggayengake pasamuwan pancen apik. Nanging yen mung kanggo golek suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae cacahe wong kang kepleset uripe mung marga anggone sugih omong. Mula sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang meneng. Nanging menenge wong kang darbe bobot kang anteb sing bisa dadi panjujugane para pawongan kang mbutuhake rembug lan pituduh (BBB)
 
TERJEMAHAN: Banyak bicara untuk menambah semaraknya pergaulan memang baik. Tetapi kalau hanya untuk mencari ketenaran bisa kelepasan membuka rahasia sendiri. Berapa banyak sudah orang yang terpeleset hidupnya gara-gara omongnya yang terlalu banyak. Oleh sebab itu tidak ada yang lebi baik daripada orang yang diam. Yaitu diamnya orang yang punya bobot mantap yang bisa menjadi tujuan dari orang-orang yang membutuhkan pembicaraan dan nasihat.
 
 
4. KALAU MAU BICARA: HARUS DIPIKIR DULU
 
a. Yen kowe arep rembugan pikiren luwih dhisik tetembungan sing arep kok wetokake. Apa wis ngenggoni telung prekara: Bener, manis, migunani. Ewa semono sing bener iku isih perlu dithinthingi maneh yen gawe gendrane liyan prayoga wurungna. Dene tembung manis kudu ora duwe pamrih, yen ana pamrihe ya mung agawe senenge liyan kang tundhone migunani tumrape jagading bebrayan (BBB)
 
TERJEMAHAN: Bila kamu akan berbicara, pikirkan lebih dahulu kata-kata yang akan kau ucapkan apakah sudah memenuhi tiga hal: Benar, manis dan bermanfaat. Bagaimanapun juga kata-kata yang “benar” masih harus diteliti lagi, kalau hanya akan menimbulkan pertengkaran lebih baik dibatalkan. Adapun perkataan yang “manis” harus tanpa pamrih. Kalau ada pamrih hanyalah untuk membuat senang orang lain yang amat bermanfaat bagi pergaulan manusia.
 
b. Tembung kang prayoga kang kelahir mung marga kadereng dening dayaning hawa napsu pancen sakala iku bisa aweh rasa pamarem. Nanging sawise iku bakal aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadine dhewe kang satemah bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman sethitik nanging memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan krasa marem kang gedhe dhewe (BBB)
 
TERJEMAHAN: Ucapan baik yang keluar tergesa-gesa memang saat itu juga menimbulkan kepuasan bagi pendengarnya. Masalahnya setelah itu akan mengakibatkan penyesalan pada diri sendiri yang mengganggu ketenteraman hati dan pikiran. Sedangkan bicara sedikit setelah dipikir secara mendalam itulah yang akan memberikan kepuasan dan ketenteraman yang lebih dalam
 
 
5. BICARA: TERTATA, RUNTUT DAN DIDUKUNG TINDAKAN NYATA
 
a. Wicara kang wetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang becik, ajine pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi lan nguripake pikir. Nanging kawuningana yen grengsenging pikir lan uriping jiwa iku ora bisa yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang wigati yaiku wicara kang mawa tandang minangka tuladha. Jer tuladha mono sing bisa nuwuhake kapitayan. Luwih-luwih mungguhing para manggalaning praja kang wis pinitaya ngembani nusa lan bangsa (BBB)
 
TERJEMAHAN: Bicara yang disampaikan dengan sistimatis dan berisi penerangan yang memuat “pitutur” utama, nilainya melebihi harta benda. Mampu menggugah jiwa dan menghidupkan pikir. Tetapi semangatnya pikir dan hidupnya jiwa tidak bisa dibangkitkan hanya dengan bicara. Harus ada bukti berupa tindakan yang dapat diteladani. Karena hanya keteladanan yang menumbuhkan kepercayaan. Hal ini penting sekali untuk para pimpinan negara yang dipercaya mengasuh nusa dan bangsa
 
b. Wong kang mung dhemen celathu lan muni-muni, mangka ora gelem tumandang gawe, genah ora sumurup marang kaluputane celathune, sebab celathu mono mung obahing ati kang ana ing lati, dudu obahing tangan sing kanggo tumandang. Nanging yen wis tumandang gawe dhewe, cetha bakal meruhi marang luputing celathune. Mula saiba begjane wong kang bisa celathu kalawan enggal-enggal tumandang gawe dhewe (BBB)
 
TERJEMAHAN: Orang yang hanya banyak bicara dan mengumpat padahal tidak mau melakukan jelas tidak tahu kesalahan bicaranya. Bicara hanya gerakan hati yang di bibir, bukan gerakan tangan yang digunakan untuk bertindak. Kalau sudah melakukan sendiri baru akan tahu salah omongnya. Alangkah beruntungnya orang yang bisa bicara dan segera bertindak sendiri.
 
 
6. SABDA PANDITA RATU: YANG SUDAH TERUCAP HARUS DILAKSANAKAN
 
Unen-unen: sabda pandhita pangandikaning ratu yen wis tumiba ora kena owah. Ana tetuladane nalika jumeneng dalem, P.B. VII ana onder upsir malarat, wis ora bisa mara seba, dilalah ing sawiji dina ingkang sinuhun kangjeng susuhunan, ngulawisudha onder opsir, utun dalem nyai tumenggung keliru olehe andhawuhake timbalan dalem, marang kolonel komandhan, onder upsir kang malarat mau kang winisudha, nganti agawe oreging pasewakan, awit sulaya karo panyuwune kolonel komandhan, sanadyan mangkono iya dilestarekake, sarehning onder upsir mau ora seba: banjur didhawuhake marang omahe panuju turu banjur digugah, kalakon didhawuhake dadi upsir, bareng konjuk kauningan ing sampeyan dalem, kacathet sajroning galih yen olehe andhawuhake nyai tumenggung kliru, nanging ora dibatalake sarta ora andadekake deduka dalem, bareng ing dina Senene manèh: misudha marang upsir kang benere disuwunake, sarta mundhut balining arane upsir kleron, diparingake marang upsir anyar, opsir kleron, kaparingan liru kaarana: Radèn Mas Panji Jayasupena, (dening lagi turu winisudha) iki teteping unen-unen ing dhuwur mau: sabda pandhita pangandikaning ratu (MB)
 
TERJEMAHAN RINGKAS: Ucapan: “Sabda pandhita pangandikaning ratu” kalau sudah diucapkan tidak bisa diubah. Ada contoh pada masa pemerintahan Pakubuwana VII, pernah terjadi kekeliruan mengangkat seorang bintara miskin menjadi perwira. Petugas yang ditugasi memberitahu salah alamat, tidak sesuai dengan yang diusulkan kolonel komandan. Sri Sunan tetap mewisuda menjadi perwira walaupun pisowanan menjadi heboh. Lebih-lebih si calon perwira tidak sowan menghadap, dan waktu disusul ke rumahnya, yang bersangkutan masih tidur. Sri Sunan tahu kalau petugas salah menjalankan perintah, tetapi tidak marah dan tetap mewisuda si perwira keliru tersebut. Selanjutnya perwira yang seharusnya dipromosikan diwisuda minggu depannya. Nama jabatan yang telah diberikan kepada perwira keliru dikembalikan kepada perwira asli dan si perwira keliru diberi nama jabatan baru yaitu Raden Mas Panji Jayasupena (Supena: mimpi, orang mimpi berarti sedang tidur; Diberi nama tersebut karena waktu dipanggil yang bersangkutan masih tidur). Itulah: Sabda pandhita pangandikaning ratu. Kalau sudah diucapkan harus dilaksanakan.
 
 
7. ISI PEMBICARAAN: YANG BAIK, YANG TEPAT dan BERMANFAAT
 
Aja ndarbeni pepenginan dadi wong kang linuwih kang ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge diandel wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae barang rembugira kanthi becik, patitis lan maedahi. Karo maneh tindak tanduk kang ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang ndhakik-ndhakik nanging durung kabukten ana ing panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug “keplok lumah kurepe karo tindakira” (BBB)
 
TERJEMAHAN: Jangan bercita-cita menjadi orang “linuwih” dengan idam-idaman supaya perkataan kita dianut orang banyak. Lebih baik kita senantiasa menjaga ucapan agar baik, tepat dan bermanfaat. Apabila dilengkapi dengan tindak tanduk yang menyenangkan dan bermanfaat kepada orang banyak, maka nilainya melebihi semua “pitutur” yang hebat-hebat tetapi belum dibuktikan dalam tindakan nyata. Oleh sebab itu jagalah pembicaraanmu sehinga senantiasa selaras dengan tindakanmu.
 
 
8. CARA BERBICARA: SAMPAIKAN DENGAN WAJAH CERAH SABAR DAN HALUS
 
Ulat sumeh, tindak-tanduk sareh kinantenan tembung aris iku bisa ngruntuhake ati sarta ngedohake panggodhaning setan. Kosokbaline watak wicara kang keras, kajaba kaduga gawe tangining kanepson, uga gampang nuwuhake salah panampa. Sabarang prakara kang sejatine bisa putus sarana aris lan sareh, kepeksa dadi adu wuleding kulit lan atosing balung, kari si setan ngguyu ngakak bungah-bungah (BBB)
 
TERJEMAHAN: Wajah cerah, perilaku sabar disertai tutur kata yang lembut mampu meruntuhkan hati serta menjauhkan dari godaan setan. Sebaliknya bicara kasar disamping bisa membangkitkan amarah juga mudah menimbulkan salah terima. Hal-hal yang sebenarnya bisa diselesaikan dengan sabar dan halus menjadi adu tebalnya kulit dan kerasnya tulang. Setan yang akan tertawa kesenangan.
 
 
9. ARAH BICARA: JANGAN CAMPURI URUSAN ORANG LAIN
 
Ucap sakecap kang kelahir tanpa pinikir kerep bae nuwuhake dredah lan bilahi. Mula wetune tembung satembung saka lesan iku udinen aja nganti nggepok prekarane wong liya, gedhene nganti gawe seriking liyan. Bisa nyandhet ucule pangucap kaya mangkono mau wis klebu ewoning pakarti utama. Nanging geneya ya kok ora saben wong bisa nglakoni? (BBB)
 
TERJEMAHAN: Satu patah kata yang diucapkan tanpa dipikir lebih dahulu sering menimbulkan pertikaian dan bencana. Oleh sebab itu keluarnya kata demi kata dari mulut sebaiknya jangan sampai mengurusi perkara orang lain yang bisa menimbulkan sakit hati. Mampu mencegah lepasnya ucapan seperti itu merupakan salah satu perbuatan utama. Tetapi mengapa tidak semua orang mampu melakukannya?
 
 
10. ADAB BICARA (A): JANGAN NIMBRUNG KALAU TAK TAHU MASALAH
 
Srawung ing madyaning bebrayan iku kejaba kudu wasis milih papan lan empan, uga kudu bisa angon mangsa lan mulat ing semu. Aja nggegampang ngroyongi rembug kang kowe dhewe durung ngerti prakarane. Rembug sethitik nanging mranani iku nuduhake boboting pribadi. Rembug akeh nanging ampang malah gawe sangga-runggine sing padha ngrungokake kepara njuwarehi (BBB)
 
TERJEMAHAN: Bergaul di masyarakat harus pandai pandai melihat situasi dan kondisi. Jangan terlalu mudah nimbrung dalam pembicaraan yang kamu belum tahu duduk perkaranya. Sedikit bicara tetapi menyejukkan hati menunjukkan bobot pribadimu. Bicara banyak tetapi kosong hanya akan menimbulkan keragu-raguan dan ketidak-percayaan dari yang mendengar.
 
 
11. ADAB BICARA (B): JANGAN SERING SUMPAH
 
Wong dhemen supata iku saka wis koncatan temen, mulane sabarang cature sanadyan temen ora diandel ing wong. Upama sinau ora supata bae kepriye, supaya wong gelem ngrungokake cature (MB)
 
TERJEMAHAN: Orang suka bersumpah (memang ada orang yang kalau bicara sedikit-sedikit bilang berani sumpah) karena sudah kehilangan sifat “temen” (sungguh-sungguh), oleh sebab itu semua omongannya justru tidak dipercaya orang lainnya. Bagaimana eandainya tidak usah pakai sumpah-sumpah segala. Supaya orang mau mendengarkan bicaranya.
 
 
12. APA YANG DIBICARAKAN:  HATI DAN MULUT HARUS SAMA
 
Kang kok kandhakake putih iku durung karuwan putihing (sucining) ati, bisa uga mung wujud putihing pupur sing kandel warata. Lan sing kok kandhakake abang iku durung tinamtu abanging (kekendelaning) bebener nanging bisa uga mung abange lambe kang keconggah njlomprongake mlebu jurang kang jero. Dene sing kok kandhakake resik, iku durung mesti resiking ati, nanging adate mung wujud resiking sandhangan rinengga ing sotya abyor kang bisa mblerengake mripat (BBB)
 
TERJEMAHAN: Yang kau katakan putih belum tentu putihnya (sucinya) hati, bisa juga berwujud putihnya bedak yang tebal dan rata. Yang kau katakan merah, belum tentu merahnya (keberanian) kebenaran. Bisa jadi cuma merahnya bibir yang bisa menjerumuskan kamu ke jurang curam. Demikian pula yang kau katakan bersih, belum tentu merupakan bersihnya hati . Sering hanya bersihnya pakaian berhias intan permata yang mampu menyilaukan pandangan
 
 
13. JANGAN ASAL BICARA: INGAT CORONG “DIRI” KITA ADA DI BIBIR
 
Ajining dhiri ana ing lati. Ajining raga ana ing busana. Mula den ngati-ati ing pangucapmu, semono uga anggonmu ngadi busana kang bisa mapanake dhiri (BBB)
 
TERJEMAHAN: Nilai dari “diri” ada pada bibir, sedangkan nilai dari “raga” ada pada pakaian. Jadi berhati-hatilah dalam bicara demikian pula pandai-pandailah menemoatkan diri dalam cara berpakaianmu
 
 
14. KALAU BICARA YANG EMPAN PAPAN
 
Wicaramu kang tata
a. marang wong gedhe: dikumet,
b. marang wong cilik: disareh,
c. marang wong sugih: diprasaja,
d. marang wong ora duwe (mlarat): diwelas,
e. marang sapadha-padha nganggo duga-duga lan watara.

TERJEMAHAN: Bicaramu yang tertata (pakai empan papan)
a. Kepada orang besar: Yang santun
b. Kepada orang kecil: Yang sabar
c. Kepada orang kaya: Yang “bares” lugas, tanpa bahasa berbunga
d. Kepada orang miskin: Yang welas asih
e. Kepada sesama-manusia: Pakai “duga-duga dan watara”, empan papan
 
 
15. JANGAN TERJADI: UCAPAN MANUSIA SAMA TIDAK DIPERCAYANYA DENGAN OCEHAN BURUNG JALAK
 
Jalak bisa ngoceh, wong ala bisa nyatur, karo pisan ora kalap, ocehing jalak tutur apa-apa ora kena ginugu, unining wong ala padha bae tutur apa-apa iya ora kena ginugu, sanadyan kandhane temen, wong wis kebacut sirna piadele, dening kerepe goroh.
 
TERJEMAHAN: Burung Jalak bisa ngoceh, orang yang tidak baik bisa bertutur kata. Keduanya tidak ada yang betul. Apa yang diocehkan burung jalak tidak dapat dipercaya demikian pula halnya dengan tutur kata orang yang tidak baik. Orang lain sudah terlanjur hilang kepercayaannya, karena saking seringnya berdusta.
 
 
16. LIDAH KITA: SENJATA PEMBUNUH SEKALIGUS MUSUH
 
a. Ilat iku sawijining pedhang kang landhep kang bisa mateni senadyan tanpa ngetokake getih  (BBB)
 
TERJEMAHAN: Lidah merupakan pedang yang amat tajam. Bisa membunuh tanpa menumpahkan darah
 
b. Satru kang gedhe dhewe kuwasane: sirnakna, iya iku ilatmu (MB)
 
TERJEMAHAN: Musuh yang paling besar kuasanya: perhatikan, tak lain adalah lidahmu sendiri
 
 
17. BICARA BAIK MAUPUN BURUK: SAMA-SAMA MENGGERAKKAN DAGU
 
Uni ala lan uni becik padha angobahake uwang. Yagene kowe dhemen adol uni ala kang satitihik regane, tinimbang uni becik kang akeh regane
 
TERJEMAHAN: Bicara buruk dan bicara baik sama-sama menggerakkan dagu. Mengapa kamu lebih suka bicara buruk yang murah harganya daripada bicara baik yang mahal harganya.
 
 
KESIMPULAN
 
Bahwa manusia dikaruniai satu mulut dan dua telinga, maksudnya adalah supaya kita lebih banyak mendengar daripada bicara. Bicara baik maupun buruk, sama-sama menggerakkan dagu tetapi pengaruhnya amat berbeda. (IwMM)
 

No comments:


Most Recent Post


POPULAR POST