Friday, December 2, 2011

KUMPULAN PITUTUR 2: MENCELA DAN NGRASANI


MENCELA (memaoni, nacad) termasuk salah satu perilaku bicara tidak terpuji yang sering kita lakukan. Sri Sunan Pakubuwana IV dalam Serat Wulangreh memasukkan “memaoni ini dalam “Sesiku telung prakara” (dapat dibaca di Sesiku telung prakara menurut Serat Wulangreh).
 
Membicarakan orang lain (ngrasani) pada umumnya yang dibicarakan juga hal-hal buruk (celaan). Ngrasani baik itu amat jarang. Dalam Serat Wulangreh, pupuh Durma bait ke 8 disebutkan ...... sira menenga; aja sok angrasani. Lengkapnya sebagai berikut:
 
8. ingkang eling angelingêna ya marang | sanak kônca kang lali | dèn nêdya raharja | mangkana tindakira | yèn datan kaduga uwis | sira mênênga | aja sok angrasani ||
 
Kembali ke peribahasa Indonesia yang mengatakan “Mulutmu harimau kamu” demikian pula “Berbicara peliharalah lidah, berjalan peliharalah kaki”, maka perilaku suka mencela, baik di balik punggung (ngrasani) maupun berhadapan muka, sebaiknya kita kurangi sebanyak-banyaknya, karena pada akhirnya kita sendiri yang akan rugi.
 
Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), kemudian saya kelompokkan sesuai permasalahannya. Terjemahan bebasnya saya sertakan di bawah tulisan yang berbahasa jawa. Selamat membaca, semoga ada manfaat yang dapat dipetik.
 
 
1. MENGAPA MENCELA?
 
a.  Geneya akeh wong kang dhemen nyatur alaning liyan lan ngalembana awake dhewe? Sebabe ora liya marga wong-wong sing kaya ngono mau ora ngerti yen penggawe mau klebu pakarti kang ora prayoga, mula perlu dingertekake. Awit yen ora enggal-enggal nyingkiri pakarti kang ora becik mau, wusanane dheweke kang bakal diemohi dening pasrawungan (BBB)
 
TERJEMAHAN: Mengapa banyak orang yang suka membicarakan kejelekan orang lain dan memuji dirinya sendiri? Tidak lain karena orang tersebut belum tahu kalau perilaku tersebut termasuk perbuatan yang tidak benar, oleh sebab itu perlu diberi pengertian. Karena apabila tidak segera menyingkiri perbuatan tercela tersebut pada akhirnya orang itu akan dijauhkan dari pergaulan.
 
b.  Karepe wong nyatur alaning liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake dhewe. Yen sing diajak nyatur wong kemplu, pamrih sing kaya mangkono mesti katekane. Nanging tumraping wong mursid: “Wong kang ngumbah rereged ing awake sarana migunakake banyu peceren malah saya nuduhake blentonge pambegane” (BBB)
 
TERJEMAHAN: Maksud menjelekkan orang lain sebenarnya untuk menunjukkan kebaikan diri sendiri. Kalau yang diajak bicara orang tolol, maksud tersebut akan kesampaian. Tetapi untuk orang mursyid: “Mencuci kotoran dengan air comberan hanya akan menunjukkan kotornya kelakuan sendiri”.
 
3. Wong kang nduweni watak tansah njaluk benere dhewe iku adate banjur kathukulan bendhana seneng nenacad lan ngluputake marang panemu sarta tindak tanduke wong liya. Mendah becike yen wong sing kaya mangkono mau kala-kala gelem nggraita ing njero batine: “mbokmenawa aku sing kleru, mula coba dak tlitine klawan adil sapa sing sejatine nyata-nyata bener” (BBB)
 
TERJEMAHAN: Orang yang mempunyai watak selalu merasa benar sendiri umumnya juga mempunyai tambahan watak suka mencela dan menyalahkan pendapat dan perilaku orang lain. Alangkah baiknya kalau orang seperti itu kadang-kadang mau berpikir dalam hatinya: “Jangan-jangan saya yang salah. Coba saya teliti lebih adil siapa yang sejatinya benar”.
 
 
2. MENCELA ITU NIKMAT
 
Ora ana sêgêring awak kaya wong nyatur alaning wong, ambêcikake awake dhewe, upama ora nyatur bae kêpriye: êmoh awake, mundhak ora sumyah. (MB)
 
TERJEMAHAN: Tidak ada yang terasa lebih nyaman di badan selain mencela kejelekan orang dan memuji diri sendiri. Misalnya tidak usah mencela bagaimana? Tidak mau! Nanti badan tidak terasa segar
 
 
3. MENCELA ITU MUDAH
 
a. Nacad alaning wong iku gampang bangêt. Siji mangkene, loro mangkono, nanging anggunggung cacade dhewe adate ora kobêr. (MB)
 
TERJEMAHAN: mencela itu amat mudah. Satu begini, dua begitu. Tetapi menjumlah cacad sendiri biasanya tidak sempat
 
b. Maoni iku panggawe kang gampang dhewe, nanging waonane mau apa bênêr têmênan, durung karuwan. (MB)
 
TERJEMAHAN Menasihati (plus mencela) itu pekerjaan yang paling mudah. Masalahnya apa yang kau nasihatkan belum tentu benar
 
c. Nyatur alaning wong iku gampang. Dening apa ? mung dening paitan kacunggah sarta atine bungah, wah ora dirungu ing wonge kang dirasani, upama anaa wonge kang dirasani: ora mêngkono, banjur malik ilat liru ngalêm, iku wis dadi oyoding atine manungsa, mulane aja gèt-gètên ngrungu panyaturing wong, awit wong kang nyatur iku iya isih dicatur ing wong liyane manèh. Liding gunêm, sok anaa wong dhêmên nyatur: atine èlèk: aja kopêraki (MB)
 
Mencela keburukan orang lain itu mudah. Modalnya hanya tega dan suka serta tidak didengar oleh yang bersangkutan. Andaikan yang dibicarakan ada, lidah dibalik menjadi memuji. Hal itu sudah mengakar di hati manusia. Oleh sebab itu tidak usah terlalu kaget kalau ada orang suka “ngrasani”. Di tempat lain ia jugta dibicarakan orang. Kesimpulannya: Orang yang suka membicarakan orang lain bukanlah orang baik, jangan didekati
 
 
4. JANGAN GAMPANG MENCELA, MEMUJI MAUPUN MENASIHATI
 
Yen micara aja gumampang nelakake penacad utawa pangalembana, luwih-luwih nganti memaoni. Awit wicaramu durung karuan bener. Sing mesti panacad mau gawe serik, pangaleme nuwuhake wisa dene waonane ora digugu, kabeh swara ala. Mulane kang prayoga iku mung meneng, jalaran meneng iku yektine pancen mustikaning ngaurip (BBB)
 
TERJEMAHAN: Bila berbicara jangan terlalu mudah mencela atau memuji apalagi menasihati, karena bicaramu belum tentu benar. Yang pasti celaan akan menyakiti hati, pujian mengeluarkan bisa dan nasihat tidak dituruti. Semua suara berarti jelek. Maka lebih baik diam karena diam itu mustikanya kehidupan.
 
 
5. JANGAN CEPAT MENYALAHKAN, CARI DALAM DIRI KITA DULU
 
Aja sok ngluputake, gedhene ngundhat-undhat wong liya, samangsa kita ora katekan apa kang dadi kekarepan kita. Becike kita tliti lan kita goleki sebab-sebab ing badan kita dhewe, amrih kita bisa uwal saka dayaning pangira-ira kang ora prayoga. Kawruhana, yen usadane watak apes sing njalari nganti ora katekan sedya kita, ora ana liya, ya dumunung ana ing awak kita dhewe (BBB)
 
TERJEMAHAN: Jangan suka menyalahkan atau memaki-maki orang lain apabila maksud kita tidak kesampaian. Lebih baik kita teliti dan cari sebab-sebab di dalam diri kita sendiri supaya kita bisa terlepas dari prasangka yang tidak semestinya. Ketahuilah bawa obat sial yang mengakibatkan keinginan kita tidak tercapai tidak ada selain dalam diri kita sendiri.
 
 
6. JANGAN SEKEDAR MENYALAHKAN TAPI TUNJUKKAN KESALAHANNYA
 
a. Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Ewasemono aja nganti kowe kesusu mbecikake kalakuwane liyan, yen awakmu dhewe rumangsa durung bisa ngenggoni rasa sabar lan tepaslira. Sapa kang wis ngerti lan ngrumangsani marang sakehing dosane, iku sawijining wong kang wis ngerti marang jejering kamanungsane, manungsa kang utama (BBB)
 
TERJEMAHAN: Jangan suka mencela kesalahan orang lain. Lebih baik tunjukkan kesalahannya. Hal ini malah bisa mempererat rasa persaudaraan. Walaupun demikian, jangan buru-buru mengoreksi perilaku orang lain sebelum kamu sendiri memiliki rasa sabar dan “tepaslira”. Orang yang sudah tahu dan mengakui semua kesalahannya adalah orang yang mengerti tentang hakekat kemanusiaan, dialah orang yang utama
 
b. Nutuh wong kaluputan iku wis cumepak ana ing lambe, yagene ora kotuturi sadurunge kaluputan. (MB)
 
TERJEMAHAN:  Mencela kesalahan orang itu sudah tersedia di bibir. Tetapi (sama-sama dari bibir) mengapa tidak diberi arahan dulu sebelum terjadi kesalahan?
 
 
7. JANGAN CEPAT MENCELA, SIAPA TAHU NANTI JUSTRU KAMU SUKA
 
Menawa kowe durung mangerteni marang bab kang kok anggep ora becik, aja kesusu ngatonake rasa sengitmu, gedhene maoni lan nglahirake panacad. Awit kawruhana yen pikirane manungsa iku tansah mobah-mosik lan molak-malik. Apa kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe buri bisa malih kok senengi, kepara malah bisa dadi gantungane uripmu (BBB)
 
TERJEMAHAN: Apabila kamu belum tahu tentang hal-hal yang kau anggap tidak baik, janganlah tergesa-gesa menunjukkan rasa bencimu atau mengucapkan celaan. Ingatlah bahwa pikiran manusia itu tidak tetap dan berbolak-balik. Apa yang kau benci dan kau anggap jelek saat ini, di belakang hari bisa menjadi yang kau sukai malah bisa menjadi tempat hidupmu bergantung.
 
 
8. MENCELA TUMBUHKAN PERMUSUHAN
 
Ngalembana lan panacad iku padha bae panindake. Lire, tarikane napas padha, kedaling ilat padha lan obahing lambe ya padha. Sok ngonoa nadyan rekasane utawa gampange padha, nanging oleh-olehane utawa wohe sing ora padha. Ing ngadat kejaba sok adoh sungsate uga malah sering kosokbalen. Sing siji bisa ngraketake paseduluran sijine padha bae karo golek dadakan nandur rasa memungsuhan (BBB)
 
TERJEMAHAN: Pujian dan celaan itu sama tindakannya. Artinya, sama tarikan napasnya; Sama juga gerakan lidah dan bibir. Bagaimanapun juga, walau susah dan gampangnya sama, tetapi buah yang dipetik tidak sama. Tidak hanya jauh berbeda bahkan bertolak-belakang. Yang satu bisa mempererat tali persaudaraan, satunya lagi justru cari gara-gara untuk menanam benih-benih permusuhan.
 
 
9. “NGRASANI” ITU MERUGIKAN DIRI SENDIRI DAN ORANG LAIN
 
Ngrasani alaning wong, iku ora mung gawe pitunaning wong kang dèn rasani bae, iya uga gawe pitunane dhewe (MB)
 
TERJEMAHAN: Membicarakan kejelekan orang lain itu tidak hanya merugikan bagi yang “dirasani” tetapi juga merugikan diri sendiri
 
 
10. BILA ADA ORANG “NGRASANI” ALIHKAN ARAH PEMBICARAAN
 
Lêlabuhan bêcik iku suwargi R. ms H. Jayadiningrat, bupati kaparak kiwa, iku ora tau nyatur alaning wong, luwih manèh angrasani alaning nagara, wis ora pisan-pisan, yèn ana wong nyatur alaning wong utawa ngrasani alaning nagara, disêlani pangandika: bêcik seje gunêm kuwi bae: jagomu si genjong apa wis waras awake ... kang nganggit layang iki wêruh dhewe. (MB)
 
TERJEMAHAN: Teladan yang diberikan RMH Jayadiningrat, bupati keparak kiwa, beliau tidak pernah membicarakan kejelekan orang lain maupun kejelekan pemerintah. Kalau ada orang yang berperilaku demikian, beliau mengalihkan arah pembicaraan: Bagaimana ayam jagomu, si genjong, apa sudah sehat kembali badannya? Yang menulis buku ini (maksudnya Ki Padmasusastra) mengetahui sendiri.
 
 
11. BILA DICELA TETAPLAH SABAR
 
Samangsa kowe diclatu wong kanthi sengak aja kok wales sanalika kanthi tembung (rembug) kang sengak lan atos. Prayoga tanggapana mawa pakarti kang alus lan sareh. Jer, yen klawan laku kaya mangkono iku, kowe bisa ngendhakake watak kang panasbaran, lan bisa ngasorake sipat kang lagi kasinungan iblis (BBB)
 
TERJEMAHAN: Sewaktu orang berbicara kepadamu dengan omongan yang tidak enak jangan seketika kau balas dengan ucapan serupa dan keras. Tanggapilah dengan halus dan sabar. Hanya dengan cara itu kamu dapat mengendalikan watak kasar dan keras serta mengalahkan manusia yang sedang kemasukan iblis
 
 
PENUTUP
 
Sebaiknya kesenangan yang satu ini: Mencela, mencela sekaligus memberi pitutur, dan membicarakan kejelekan orang lain, kita buang jauh-jauh. Melakukannya mudah, senangnya hanya sesaat dan selebihnya diri sendiri yang akan merugi. Bila ada orang berperilaku demikian, kita tidak usah ikut-ikut, dan bila kita yang dicela, bersikaplah “sabar” (IwMM)
 

No comments:


Most Recent Post


POPULAR POST