BICARA: HARUS DIPIKIR DULU
Yen kowe arep rembugan pikiren luwih dhisik tetembungan sing arep kok wetokake. Apa wis ngenggoni telung prekara: Bener, manis, migunani. Ewa semono sing bener iku isih perlu dithinthingi maneh yen gawe gendrane liyan prayoga wurungna. Dene tembung manis kudu ora duwe pamrih, yen ana pamrihe ya mung agawe senenge liyan kang tundhone migunani tumrape jagading bebrayan.
TERJEMAHAN: Bila kamu akan berbicara, pikirkan lebih dahulu kata-kata yang akan kau ucapkan apakah sudah memenuhi tiga hal: Benar, manis dan bermanfaat. Bagaimanapun juga kata-kata yang “benar” masih harus diteliti lagi, kalau hanya akan menimbulkan pertengkaran lebih baik dibatalkan. Adapun perkataan yang “manis” harus tanpa pamrih. Kalau ada pamrih hanyalah untuk membuat senang orang lain yang amat bermanfaat bagi pergaulan manusia.
BICARA: TERTATA DIDUKUNG TINDAKAN NYATA
Wicara kang wetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang becik, ajine pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi lan nguripake pikir. Nanging kawuningana yen grengsenging pikir lan uriping jiwa iku ora bisa yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang wigati yaiku wicara kang mawa tandang minangka tuladha. Jer tuladha mono sing bisa nuwuhake kapitayan. Luwih-luwih mungguhing para manggalaning praja kang wis pinitaya ngembani nusa lan bangsa
TERJEMAHAN: Bicara yang disampaikan dengan sistimatis dan berisi penerangan yang memuat “pitutur” utama, nilainya melebihi harta benda. Mampu menggugah jiwa dan menghidupkan pikir. Tetapi semangatnya pikir dan hidupnya jiwa tidak bisa dibangkitkan hanya dengan bicara. Harus ada bukti berupa tindakan yang dapat diteladani. Karena hanya keteladanan yang menumbuhkan kepercayaan. Hal ini penting sekali untuk para pimpinan negara yang dipercaya mengasuh nusa dan bangsa
BICARA: SEGERA DIIKUTI TINDAKAN
Wong kang mung dhemen celathu lan muni-muni, mangka ora gelem tumandang gawe, genah ora sumurup marang kaluputane celathune, sebab celathu mono mung obahing ati kang ana ing lati, dudu obahing tangan sing kanggo tumandang. Nanging yen wis tumandang gawe dhewe, cetha bakal meruhi marang luputing celathune. Mula saiba begjane wong kang bisa celathu kalawan enggal-enggal tumandang gawe dhewe
TERJEMAHAN: Orang yang hanya banyak bicara dan mengumpat padahal tidak mau melakukan jelas tidak tahu kesalahan bicaranya. Bicara hanya gerakan hati yang di bibir, bukan gerakan tangan yang digunakan untuk bertindak. Kalau sudah melakukan sendiri baru akan tahu salah omongnya. Alangkah beruntungnya orang yang bisa bicara dan segera bertindak sendiri.
BANYAK BICARA BISA TERPELESET
Sugih omong kanggo nggayengake pasamuwan pancen apik. Nanging yen mung kanggo golek suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae cacahe wong kang kepleset uripe mung marga anggone sugih omong. Mula sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang meneng. Nanging menenge wong kang darbe bobot kang anteb sing bisa dadi panjujugane para pawongan kang mbutuhake rembug lan pituduh
TERJEMAHAN: Banyak bicara untuk menambah semaraknya pergaulan memang baik. Tetapi kalau hanya untuk mencari ketenaran bisa kelepasan membuka rahasia sendiri. Berapa banyak sudah orang yang terpeleset hidupnya gara-gara omongnya yang terlalu banyak. Oleh sebab itu tidak ada yang lebi baik daripada orang yang diam. Yaitu diamnya orang yang punya bobot mantap yang bisa menjadi tujuan dari orang-orang yang membutuhkan pembicaraan dan nasihat.
LEBIH BAIK SEDIKIT BICARA
Wong juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki pasamuwan, katut samirana mrana-mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ana ing ati wening. Wetune ora sarana lambe, nanging katampan ing pucuking pen, mili amber ing kertas putih, rinasakake ing wong sajagad.
TERJEMAHAN: Orang yang banyak bicara ilmunya menempel di bibir, berceloteh memenuhi ruangan, terbawa angin kesana kemari. Berbeda dengan orang yang diam. Keluarnya ilmu tidak melalui bibir, tetapi diterima oleh ujung pena, mengalir di kertas putih dirasakan manfaatnya oleh orang diseluruh penjuru jagad.
No comments:
Post a Comment