Monday, January 2, 2012

PITUTUR KUMPULAN 7: KAYA, MISKIN DAN NRIMA

Semua orang ingin menjadi kaya, walaupun kaya bukan jaminan kebahagiaan. Bungah dan susah bergantung yang menjalani. Ada orang yang tidak kaya tetapi bahagia, bahkan ada yang miskin hidupnya ayem ayem saja. Kebahagiaan ternyata dirusak oleh banyak polutan hidup yang justru kelompok risiko tingginya ada pada orang berada. Antara lain sifat meri dan pambegan [Bungah lan Susah (5): Dirusak oleh “meri” dan “pambegan”] dengan “karep” nya yang selalu mulur-mulur [Bungah lan Susah (2): “Karep” selalu “mulur” dan “mungkret”] semuanya karena kurang rasa nrima ing pandum.
 
Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), yang saya coba kelompokkan sesuai permasalahannya. Terjemahan (setengah bebas) ada di bawah naskah bahasa Jawanya. Kiranya berkenan membaca, semoga bermanfaat.
 
 
1. SEMUA INGIN KAYA DAN TAKUT MISKIN PADAHAL KEKAYAAN TIDAK DIBAWA MATI
 
a. Wong sugih sing lumuh kelangan bandhane nadyan kanggo keperluane dhewe iku ora liya sababe marga tansah kuwatir yen dheweke tiba ing kemlaratan. Nanging ora ngertiya yen dheweke ing wektu iku sejatine wis padha karo wong mlarat. Uripe kepara luwih sengsara katimbang wong kesrakat, lan batine tansah ora narimakake marang adiling Kang Murbeng Dumadi (BBB)
 
TERJEMAHAN: Orang kaya yang enggan kehilangan harta walau untuk kepentingan sendiri sebenarnya karena ia khawatir jatuh miskin. Padahal ia sama saja dengan orang miskin, malah hidupnya lebih sengsara dan hatinya senantiasa mempertanyakan keadilan Allah
 
b. Kasugihan dadi penginane wong akeh, sing sugih durung marem, apa ana wong marem: ana, nek wis katekan malaikat Ngijrail. Dunyane ditinggal kabeh, malah barange kang ditresnani dhewe iya ditinggal. Apa: awak. (MB)
 
TERJEMAHAN: Menjadi kaya adalah kenginan orang banyak. Yang sudah kaya tidak puas. Apa ada orang puas? Ada. Kalau sudah kedatangan malaikat Izrail. Harta ditinggalkan semua. Bahkan barang yang paling dicintai juga ditinggal. Apa? Badan
 
 
2. HEMAT, RAJIN DAN JUJUR: PANGKAL KAYA
 
Wijining kasugihan saka gemi: taberi ing gawe, pawitane temen, ora tau goroh pangandeling wong wuwuh-wuwuh, awoh rijeki kang ora kena cinakrabawa nganti awake dhewe ora sumurup yen wis dadi sugih, malah wong akeh sing wis ngarani sugih dhisik. (MB)
 
TERJEMAHAN: Asal mula kekayaan dari berhemat, rajin bekerja dengan modal kesungguhan, tidak pernah berbohong. Kepercayaan orang semakin bertambah, membuahkan rezeki yang tidak terasa. Sampai diri sendiri tidak tahu kalau sudah menjadi kaya. Malah orang lain yang tahu terlebih dahul
 
 
3. JANGAN MINTA KEKAYAAN KEPADA MAKHLUK HALUS
 
Aja anjaluk kasugihan marang bulus jibung, lambemu mundhak belang putih, becik goleka kasugihan menyang kali Gawe, rewangana cegah mangan cegah turu, tak tanggung amesthi bakal kacukupan sabobotmu.(M)
 
TERJEMAHAN: Jangan minta kekayaan kepada bulus jibung. Bibirmu akan berbelang putih. Lebih baik cari kekayaan ke Kali Gawe (maksudnya bekerja keras). Carilah dengan mengurangi makan dan mengurangi tidur. Saya jamin kebutuhanmu akan tercukupi
 
 
4. KEKAYAAN DARI WARISAN HARUS DIKELOLA BAIK-BAIK
 
Kasugihan kang kalal sarta langgeng sajege urip, iku yen linakonan kangèlaning awak sarta rekasaning ati, kanthi cegah mangan turu, sarta ngiwit-iwit wetuning kabutuhan yen kasugihan tetinggalan saka wong tuwa-tuwane ora dadi kalal, mulane akeh sing ora langgeng, dingati-ati pikiren lestarine, elinga yen kowe ora cegah mangan turu kaya wong atuwamu kang aweh kasugihan marang kowe, mulane aja dhemen jibar-jibur, elinga yen iku dudu duwekmu dhewe, duweke wong atuwamu, arahen bisane lestari tumiba marang turunmu, dadi kowe ora ingaran: elek, ngentekake tetinggalane wong tuwa kang nglakoni rekasane biyen.(MB)
 
TERJEMAHAN: Kekayaan yang halal dan langgeng selama hidup, diperoleh kalau kita mencari dengan susah payah dengan mengurangi makan dan tidur serta menghemat pengeluaran. Adapun kekayaan yang berasal dari peninggalan orang tua, tidak menjadi halal. Oleh sebab itu banyak yang tidak langgeng. Berhati-hatilah, bagaimana seharusnya. Ingatlah kalau engkau tidak mengurangi makan dan tidur seperti orang tuamu yang memberi kekayaan kepadamu,. Oleh sebab itu jangan boros. Ingatlah bahwa kekayaan itu bukan milikmu tetapi milik orang tuamu. Kelolalah baik-baiik supaya lestari dan dapat kau wariskan pada anak keturunanmu. Sehingga engkau tidak dikatakan jelek, menghabiskan peninggalan orang tua yang mencari dengan susah-payah.
 
 
5. KEKAYAAN LINUWIH: PUAS DENGAN YANG APA DIPUNYAI
 
Kang diarani kasugihan linuwih, iku mareming ati: deduwe saduwek-duweke. (MB)
 
TERJEMAHAN: Yang dikatakan kekayaan yang berlebih adalah kepuasan hati memiliki sesuatu secukupnya yang dia punya
 
 
6. BUDI RAHAYU: KEKAYAAN YANG SEBENARNYA
 
Sangune wong ana ing dunya, dudu kasugihan, dudu kapinteran lan dudu kapriyayen, cukup mung sangu budi rahayu.(MB)
 
TERJEMAHAN: Bekal hidup didunia bukanlah kekayaan, kepandaian atau kedudukan. Cukup dengan budi yang baik
 
 
7. KAYA DAN MISKIN, APA BEDANYA
 
Kasugihan lan kamlaratan, saking aluse sakarsaning Allah, satemene padha bae. Tandhane: manungsa mung nganggo sacukupe, susah padha susah, bungah padha bungah, lara padha lara, mati padha mati, endi sing aran beda: ora ana, sing angel iku wong golek panarimaning ati apa satibaning cithakane, sok mangkonoa becik wong nrima (MB)
 
TERJEMAHAN: Kekayaan dan kemiskinan, begitu halusnya kehendak Allah, sebenarnya sama saja. Tandanya, kaya atau miskin manusia hanya berpakaian secukupnya, susah juga susah, sakit juga sakit, mati juga mati. Mana bedanya? Tidak ada. Yang sulit adalah mensyukuri apa yang diterima. Orang nerima lah yang lebih baik
 
 
8. JANGAN MENGACUHKAN ORANG MISKIN
 
Aja angemohi utawa mitambuhi jagongan karo wong ora duwe (miskin) awit sok ana paidahe mungguhing kowe, lan maneh aja pisan-pisan ngendeake kasugihanmu, awit kasugihanmu ora langgeng, kena suda lungsur, tarkadhang bisa sirna sajroning sajam, kowe dadi wong ora duwe dadakan kaya kang tau koemohi sarta kopitambuhi mau (MB)
 
TERJEMAHAN: Jangan menolak atau acuh tak acuh bila duduk bersama orang miskin, karena bagaimanapun ada manfaatnya muntumu. Jangan pula suka pamer kekayaanmu. Kekayaan tidak langgeng. Bisa berkurang kadang bisa sirna dalam waktu satu jam. Engkau mendadak jadi miskin seperti yang kau tolak atau acuhkan
 
 
9. YANG KAYA MERENDAH TETAPI YANG MISKIN JANGAN MENINGGI
 
Wong sugih dhemen ngasorake awake, wong miskin dhemen ngunggulake awake, sanadyan yektine kosokbali, aja kok waoni, karana wis bener, iya iku kang aran timbang, saupama wong sugih dhemen dakdir, wuwuh digethingi wong akeh, bobote dhemen ngasor-asor, isih akeh wong gething, dene wong miskin dhemen ngunggul-unggulake awake pamrihe bisaa kajen, bobote mengkono meksa disorake (MB)
 
TERJEMAHAN: Orang kaya suka merendahkan dirinya sedangkan orang miskin suka meninggikan dirinya, walaupun yang terjadi sebenarnya kebalikannya. Tidak usah dicela, karena memang sudah benar. Itulah yang namanya perimbangan. Seandainya orang kaya menjadi tinggi hati, malah semakin banyak orang yang tidak suka. Merendah saja masih banyak yang tidak suka. Sementara orang miskin yang berupaya meninggikan dirinya, dengan harapajn supaya dihormati, malah semakin direndahkan
 
 
10. KEKAYAAN: DATANG SEDIKIT-SEDIKIT PERGINYA SEKALIGUS
 
a. Kasugihan tekane sarenti, yagene lungane kok gawe bareng, mulane aja ngresula yen nandhang kamlaratan, dening kogawe dhewe, aja selak (MB)
 
TERJEMAHAN: Kekayaan datangnya sedikit demi sedikit, mengapa perginya kau buat sekaligus? Oleh sebab itu jangan mengeluh kalau jatuh miskin. Engkau sendiri yang membuat. Jangan ingkar.
 
b. Kasugihan sangkane saka sathithik, yagene parane kogawe akèh. (MB)
 
TERJEMAHAN: Kekayaan datangnya sedikit demi sedikit; mengapa keluarnya kau buat banyak?
 
 
11. ORANG NRIMA: TIDAK BANYAK
 
Arang wong sing bisa mapanake rasa narima marang apa bae kang wis klakon digayuh. Yen rumangsa kurang isih golek wuwuh. Yen wis oleh banjur golek luwih, yen wis luwih tumuli mbudidaya aja ana wong sing bisa madhani. Wong kang duwe rasa mangkono mau satemene memelas. Uripe tansah ngangsa-angsa, ora nate sumeleh atine. Kanggo nuruti rasa kang kleru kasebut sok-sok banjur tumindak ora samestine lan nalisir saka pakarti kang bener. (BBB)
 
TERJEMAHAN: Jarang orang yang bisa menempatkan rasa “nrima” terhadap apa saja yang berhasil dicapainya. Karena merasa masih kurang ia akan mencari supaya bertambah. Bila sudah bertambah ternyata ia masih merasa kurang juga. Selanjutnya setelah berlebih-lebihan ia akan berupaya agar tidak ada orang lain yang menyamainya. Manusia dengan hati seperti itu sebenarnya kasihan. Hidupnya selalu “ngaya”, selalu dikejar-kejar. Kemudian untuk mengejar apa yang dia inginkan ia bisa bertindak yang tidak seharusnya dan menyimpang dari perilaku yang benar.
 
 
12. ORANG NRIMA: BUKANNYA TANPA UPAYA TETAPI TIDAK “NGAYA”
 
Watak narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yen ta nganti kleru ing panyurasa bisa nuwuhake kleruning tumindak. Narima lire ora ngangsa-angsa nanging ora kurang weweka lan tansah mbudidaya amrih katekaning sedya, dudu ateges lumuh ing gawe suthik ikhtiyar. Awit yen mangkono ora jeneng narima maneh anaging keset. Watake wong keset iku mung gelem enake emoh rekasane, gelem ngemplok suthik tombok, satemah dadi wong ora weruh ing wirang, siningkirake saka jagading bebrayan
 
TERJEMAHAN: Orang yang punya watak “nrima” dicintai Tuhan, tetapi jangan salah menafsirkan karena bisa berakibat salah bertindak. “Nrima itu tidak “ngaya” tetapi bukannya kurang upaya, malah selalu berusaha agar cita-citanya tercapai. Bukan menjadi orang yang tidak mau ikhtiar. Hal seperti itu namanya bukan “nrima” tetapi malas. Orang malas itu hanya mau enaknya tidak mau kerja kerasnya, mau makan tetapi tidak mau keluar biaya, akhirnya menjadi orang yang tidak tahu malu dan disingkirkan dari kehidupan masyarakat. (BBB)
 
 
13. ORANG NRIMA: MENGERTI “PANDUM"
 
Yen sira urip ana ing alam donya rumangsa nampa pandum kesethitiken iku wis dadi pepestene uripmu, ora perlu mbok murinani. Pamurinamu prayoga lipuren sarana mawas lelabuhanmu dhewe, jer lelabuhane alam donya mono dadi trajuning akeh sethithike pandummu.(BBB)
 
TERJEMAHAN: Jika di dunia ini kamu merasa terlalu sedikit bagian yang kamu terima janganlah mengumpat. Umpatanmu hendaknya kau alihkan dengan menilai perbuatanmu selama ini. Karena perbuatan di dunia merupakan timbangan yang mengatur banyak sedikitnya bagian kita.
 
 
14. ORANG NRIMA: HIDUP TENTERAM
 
a. Bathine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah-laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinging Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni kang arane pandum (BBB)
 
TERJEMAHAN: Keuntungan orang yang mempunyai hati “nriman” jiwanya selalu tenang dan tenteram, karena semua tingkah-lakunya dilandasi keyakinan tebal atas “kadar” pemberian Allah. “Nriman” bukan berarti puas dengan apa yang ada tetapi justru sebaliknya orang “nriman” tidak mau tinggal diam. Hanya saja tindakannya tidak grusa-grusu seperti orang yang “ngaya” seolah tidak mau mengakui adanya “pandum” untuk masing-masing manusia
 
b. Panarima iku tuking katêntrêman, tanpa panarima, tanpa têntrêm, êmpaning panarima nitèni tibaning takdire, kang mêtu saka ing istiyare, dadi ora mèri marang kabêgjaning liyan, awake tumiba ing papa utawa mulya dianggêp padha bae, awit pancèn wis pêsthine mêngkono, iku kapenaking atine ngungkuli wong sugih singgih, nanging arang-arang ana, sing akèh arda puwa-puwa, sing nganggit ora bisa nglakoni, mung lagi bisa kôndha, lowung kêna dirungokake. (MB)
 
 
15. SIKAP NERIMA: MEMBERSIHKAN HATI YANG KOTOR
 
Rêgêding panggonan rêsik dening sapu, rêgêding ati rêsik dening panarima, panarimaning ati saka santosaning budi padhang. Apa ana wong bisa ngilangake panasing ati andêlêng wong kabênêran (= ora bênêr) arang-arang, mulane sinaunên, elinga yèn titahing Allah ora ana kang langgêng, bakal mati padha karo kowe, barang kang komèrèkake tininggal ora digawa, asile mèri: ala, aluwung mikira kautamaning urip kêna ginawe sangu mati, gandane ngambar têkan sawarga. (Padmasusastra, Serat Madubasa, 1912)
 
 
PENUTUP

Sikap NRIMA adalah kata kuncinya. Nrima bukanlah menyerah pada nasib, tetapi kesadaran bahwa pandum itu sudah ada. Dengan demikian orang nrima akan hidup tenteram karena hati tidak dikotori oleh rasa iri. Yang ditakdirkan kaya, seharusnya lah tetap rendah hati dan mau berbagi. (IwMM)

 

No comments:


Most Recent Post


POPULAR POST