Tuesday, December 13, 2011

PITUTUR KUMPULAN 6: HARTA, KEKUASAAN DAN UANG

Manusia hidup harus mempunyai “gegayuhan” (cita-cita). Hati akan bahagia apabila cita-cita tercapai, sebaliknya hati porak-poranda bila yang kita inginkan tidak kesampaian. Masalah akan timbul bila manusia tidak “mencari” tetapi “mengejar” tiga icon utama “gegayuhan” duniawi yaitu “Drajat, Semat dan Kramat” dengan katalisator enzim “meri dan pambegan”. Cukup banyak kisah sedih tentang manusia yang terperosok akibat menggelegaknya nafsu “loba murka dan angkara murka”.
 
Daftar pitutur di bawah dicuplik dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), yang dikelompokkan sesuai permasalahannya. Terjemahan (setengah bebas) dapat dipirsani di bawah naskah bahasa Jawanya. Sumangga, kiranya bermanfaat.
 
 
1. KEINGINAN MANUSIA: TIDAK KARUAN DAN MEMBAHAYAKAN
 
a. Sugih singgih kalah karo kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa, sing mukti wibawa isih ngresula butuh dhuwit, sing sugih dhuwit kapengin singgih, sing singgih kapengin kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa, bola-bali kareping manungsa ora karu-karuwan (MB)
 
Terjemahan: Kekayaan dan kehormatan kalah sama kekuasaan Yang kuasa ingin dihormati, yang terhormat masih mengeluh butuh uang, yang kaya ingin terhormat, yang terhormat ingin kuasa. Selamanya keinginan manusia selalu tidak karuan
 
b. Ora ana tindak kang luwih dening mbebayani lan ndrawasi marang awake dhewe, kajaba nindakake pagaweyan kanti srempeng sing juntrunge mung ngoyak derenge panguwasa, drajat lan bandha. Pakarti mangkono adate ora mempan pitutur becik lan panemune liyan kang wigati, anane mung rasa melik kang nggendhong lali. (BB
 
TERJEMAHAN: Tidak ada perilaku yang lebih berbahaya daripada bekerja keras tetapi tujuannya mengejar kekuasaan, derajat dan harta. Perilaku demikian biasanya tidak mau mendengarkan nasihat baik dan pendapat orang lain yang sebenarnya penting. Yang ada hanya rasa ingin memiliki
 
 
2. DRAJAT, SEMAT DAN KRAMAT: PERLU TAPI JANGAN DIPAMERKAN
 
Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajat lan pangkat iku perlu nanging aja dipamer-pamerake, jalaran bisa mlesedake awake dewe. (BBB)
 
TERJEMAHAN: Harta itu perlu tetapi jangan disombongkan, drajat dan pangkat itu perlu tetapi jangan dipamer-pamerkan, karena bisa menjerumuskan kita sendiri
 
 
3. HARTA BERSIH MEMBAWA BAROKAH DAN YANG KOTOR MEMBAWA PETAKA
 
a. Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala (BBB)
 
TERJEMAHAN: Harta itu bisa membuat mulia maupun celaka. Membuat mulia bila berasal dari hal-hal yang baik dan membuat celaka bila berasal dari hal-hal yang buruk
 
b. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya lan saka pametu sejene kang ora ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu duweking liyan kang ora kawruhan sing duwe (BBB)
 
TERJEMAHAN: Harta yang bersih adalah harta yang diperoleh dari bekerja dan penghasilan lain yang tidak merugikan orang lain. Adapun harta yang tidak bersih adalah harta yang berasal dari curian atau menemukan punya orang lain sementara yang punya tidak tahu.
 
 
4. MENCARI HARTA: TIDAK DILARANG ASAL SECUKUPNYA SAJA
 
a. Saka kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone migunakake nganti kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering kamanungsan. Uripe prasasat kaesok kabeh ana ing kono, ora ngelingi kepriye wusananing dumadi. Ing jagad pancen ora ana wewaler wong nglumpukake bandha rajabrana, janji pikolehe manut dalan kang bener lan dipigunakake minangka prabot prenataning jagad (BBB)
 
TERJEMAHAN: Karena begitu terpesonanya manusia kepada harta, pangkat dan kekuasaan, penggunaanya sering melampau batas keutamaan, lupa pada kemanusiaan. Hidupnya seolah-olah ditumpahkan semuanya ke situ, tidak ingat nanti pada akhir janjinya bagaimana. Di dunia ini memang tidak ada larangan mengumpulkan hartabenda, asal diperoleh dari jalan yang benar dan digunakan untuk kepentingan umat manusia
 
b. Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero (BBB)
 
TERJEMAHAN: Mencari harta itu secukupnya saja. Utamakan ketenteraman lahir dan batin
 
 
5. JAMAN BEREBUT HARTA:  BERAKIBAT TINDAK NISTA
 
Menangi jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu tumindhak nistha. Ora eling yen sajatining urip ing donya iku ora ngupaya rajabrana bae, nanging uga mangesthi kamulyan ing tembe. Urip ing satengahing godha rencana, nanging tetep tumindak utama, presasat tapa ing satengahing coba. Sapa sing santosa ora bakal tumindak sasar. Mula tansah ngugemana sebuting pitutur: “Sabegja-begjane kang lali nganti kelu penggawe sasar, isih begja kang panggah eling lan waspada tetep ing panggawe utama” (BBB)
 
TERJEMAHAN: Pada jaman orang berebut hartabenda, banyak yang lupa diri dan ikut-ikut bertindak nista. Tidak ingat kalau sejatinya hidup di dunia itu tidak hanya mencari hartabenda saja tetapi juga mengharapkan kemuliaan setelah mati. Hidup di tengah godaan tetapi tetap bertindak utama sama dengan bertapa ditengah cobaan. Siapa yang kuat tidak akan tersesat. Oleh sebab itu tetaplah berpegangan pada pitutur: “Seuntung-untungnya orang yang lupa sehingga ikut-ikut bertindak sesat masih lebih beruntung orang yang senantiasa ingat dan waspada dan tetap pada berjalan pada rel perbuatan utama”.
 
 
6. HARTA TIDAK DIBAWA MATI; NYAWA TIDAK BISA DIPERTAHANKAN
 
a. Bandha iku anane mung aneng donya, yen mati ora digawa (BBB)
 
TERJEMAHAN: Harta itu adanya hanya di dunia, bila mati harta tidak dibawa
 
b. Digendhongana dikuncenana kaya ngapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen manungsa mono badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajat semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwih kuwasa. (BBB)
 
TERJEMAHAN: apapun upaya kita kalau sudah sampai pada ajal maka tidak bisa dicegah lagi. Hendaknya hal ini dijadikan peringatan bahwa manusia tidak mampu menguasai badan dan umurnya. Apalagi kalau hanya berwujud barang titipan seperti kekuasaan, harta dan pangkat, kehormatan, kekayaan dan kedudukan. Oleh sebab itu jangan takabur karena masih ada penguasa yang lebih kuasa yaitu Allah.
 
c. Elinga besuk yen wis tumeka ing janji ora kena ora, badan wadhag lan sabarang kalir kang kita darbeni bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita gawa menyang alam kalanggengan. Mula aja banget nggonira katrem marang kadonyan. Apa maneh sapa kang tansah ngegul-egulake donya brana lan gandrung marang pepenginan kang ora langgeng, estine ora bakal bisa nemokake kahanan kang bisa gawe langgenging kasenengan lan katentremaning ati (BBB)
 
TERJEMAHAN: Ingatlah kelak kalau sudah sampai pada janji kita, sudah pasti bahwa badan wadag dan semua yang kita miliki akan kita tinggalkan. Tidak ada yang bisa kita bawa dalam alam keabadian. Oleh sebab itu janganlah terlalu mencintai keduniawian. Lebih-lebih bagi yang senantiasa nengagung-agungkan hartabenda dan cinta kepada hal-hal yang tidak langgeng. Tidak mungkin ada hal-hal yang melanggengkan kesenangan dan ketenteraman hati.
 
 
7. HIDUP: BUTUH UANG TETAPI TERLALU SEDERHANA KALAU HANYA DEMI UANG
 
a. Wong urip butuh dhuwit, apa ora aran sapele uriping manungsa mung kalawan dhuwit, (MB)
 
TERJEMAHAN:  Orang hidup butuh uang, apa tidak terlalu sepele kalau hidupnya manusia hanya dengan uang?
 
b. Wong ora bisa pisah dhuwit, nanging aja mata dhuwiten (MB)
 
TERJEMAHAN: Orang tidak bisa pisah dengan uang, tetapi jangan mataduitan




8. SIFAT UANG: GENIT, SEPERTI “LEDHEK” DAN LICIN BAGAI BELUT

 

a. Aja dhemen warna kang merak ati, iya iku dhuwit, awit wateke blere, akeh wong kedanan, balik peken dayane bae, karosane bisa anggendeng jagad, (MB)
 
TERJEMAHAN: Jangan suka dengan warna yang menarik hati yaitu uang. Karena wataknya suka merayu, banyak orang tergila-gila. Ambil saja kekuatannya karena bisa menggandeng dunia.

b. Wong keklumpuk dhuwit, ngiwit-iwit pangan analeni weteng ambrongsong cangkem, pirang-pirang taun, bisa sirna ing dalêm sajam, mulane diawas marang kridhaning dhuwit, uripmu aja dhemen dhuwit, nanging sengkuta ngupaya dhuwit, yen bisa oleh pangupayamu, dienggal tanjakna kang ora ilang ing salawas-lawase, awit angganing dhuwit: pangawak taledhek, angger wong kepengin mengku, ora sumurup yen ora asih marang awake, lunga saparan-paran dadi parebutaning wong akeh, awake kowang-kowang kari anggana.(MB)
TERJEMAHAN: Manusia mengumpulkan uang, mengurangi makan, mengencangkan ikat pinggang, membungkus mulut bertahun-tahun, bisa hilang dalam satu jam. Oleh sebab itu hati-hatilah dengan ulah uang. Janganlah suka uang tetapi rajinlah mencari uang. Hasilnya sedapat-mungkin segera digunakan untuk hal-hal bermanfaat yang tidak hilang selamanya. Uang ibarat ledhek. Setiap orang ingin memiliki, tidak tahu kalau dia tidak mencintaimu. Pergi kiemana-mana jadi rebutan orang banyak; Ditinggal pergi, engkau sendirian.
 
c. Dhuwit iku lunyune kaya wêlut, yèn wis mrucut angèl golèk-golèkane. (MB)
 
TERJEMAHAN: Uang itu licin seperti belut;kalau lepas sulit mencarinya
 
 
9. SIKAP KEPADA UANG: JANGAN DICINTAI TETAPI AMBIL DAYANYA
 
Gebyaring kilat padha lan gebyaring rajabrana, apa iku suwe, mengkono ibarate, kasugihan kang nganti angel wilangane bisa sirna padha sanalika, kaya ta: kataman ing bencana geni, utawa saka panggawening durjana, mulane dingandel lan dipasrah marang pitulunganing Allah, aja tresna marang rajabrana, balik peken dayane bae, supaya rajabranamu bisa langgeng turun-tumurun ora entek-entek, kaya ilining banyu. (MB)
 
TERJEMAHAN: Cahaya kilat sama dengan cahaya hartabenda, apa itu lama? Demikianlah ibaratnya, kekayaan yang begitu besar bisa sirna dalam sekejap, misalnya: dimakan api atau perbuatan penjahat. Oleh sebab itu percayalah dan pasrah pada peetolongan Allah. Jangan mencintai hartabenda tetapi ambillah kekuatannya saja, supaya hartabendamu bisa langgeng turun-temurun tidak habis-habisnya seperti aliran air.
 
 
10. PESONA UANG: YANG KAYA TIDAK PUAS YANG MISKIN HANYA “INGIN”
 
Wong sugih ora marem andeleng dhuwite, rumasane isih kurang bae. Nanging wong ora duwe dhuwit, mung mandheg kepengin duwe dhuwit.(MB)
 
TERJEMAHAN Orang kaya tidak puas melihat uangnya, sebaliknya orang tidak punya uang hanya berhenti pada ingin uang
 
11. MENCARI UANG: “SUSAH’; MEMBUANG UANG: “GAMPANG"
 
Angele wong golek dhuwit nganti bisa ambubrahake engetan, Gampange wong ambuwang dhuwit nganti bisa ambubrahake omah, mbok aja mengkono kepriye, (MB)
 
TERJEMAHAN: Susahnya orang mencari uang sampai bisa merusak ingatan (maksudnya: kewarasan jiwa). Gampangnya orang membuang uang sampai bisa merusakkan rumah (Maksudnya: rumah tangga). Mengapa mesti begitu?
 
 
12. KEKUASAAN: SUMBER LUPA
 
Sapa kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasan iku sejatine malah dadi sumbering wong lali. Gampang lirwa ing kaprayitnan lan gampang kapilulu ing pakarti dudu. Awit yen lagi kuwasa, adhakane banjur ngangsa-angsa kegedhen panjangka.(MB)
 
TERJEMAHAN: Orang yang sedang mendapatkan kekuasaan sebenarnya menjadi sumber “lupa”. Mudah hilang kewaspadaan dan melakukan tindakan yang tidak benar. Karena saat sedang berkuasa biasanya lalu “ngaya” dikejar angan-angan yang terlalu tinggi
 
 
PENUTUP
 
Kebutuhan manusia tidak lepas dari tiga kata kunci “Drajat, Semat dan Kramat”. Orang ingin mempunyai kedudukan, harta dan disegani. Di dunia ini orang ingin “kajen keringan”. Bukannya tidak boleh orang mengejar dunia, tetapi jangan sampai kehilangan akhirat. Bukankah hidup itu sekedar “mampir ngombe?”. Oleh sebab itu kita perlu senantiasa “eling lan waspada” (IwMM)

No comments:


Most Recent Post


POPULAR POST